Wong arep lelungan kuwi, tumrap sing ora duwe fasilitas mobil pribadi, akeh – akehe gawe rancangan disik (arepa mung ana pengangen-angen, ora ditulis) arep numpak apa, bus apa “travel”, yen milih bus arep golek patas apa biasa wae, Isp. Pilihane mau tetimbangane werna-werna, kayata lunga adoh apa cedhak, ijen apa ana kancane, gawane akeh apa ora, kesusu apa sak titahe, santai, Isp. Lan siji maneh….sangune nyukupi apa ora. Nangin yen lungane merga ana keperluan wigati lan ndadak, ya beda tetimbangane. Endi sing paling mathuk kanggo keperluan mau kuwi sing dipilih.
Kaya pengalaman dino Rebo tanggal 11 Februari kepungkur, wektu kuwi keprluanku neng Tempel wis rampung, terus arep bali menyang Ungaran. Gandheng ora kesusu ya nyantai wae wong ya mung nggawa tas cangklong. Ana bus mini jurusan Magelang kebak penumpang tak cegat. Tengah kebak murid SMK. Aku nrambul mlebu, ngadeg ora papa. Tekan Muntilan bocah – bocah wis mudhun kabeh. Aku oleh lungguhan jejer wanita rada sepuh ngagem sayak, kudhungan. Klambine sak madya nanging tak lirik tase apik, tasku kalah adoh. He he he wong kok seneng mbandhing – bandhingke. Nanging aku ora kepengin kok. Iki mesthi bakul, ngono pikirku. Bener. Bakul winih kenthang. Asmane Bu Mul daleme Sela, Boyolali. Bu Mul, ancase saka ngomah arep nagih utang tukon winih kenthang, nanging balik nglenthung. Adoh – adoh diparani jebul ora entuk gawe. Sedulur tani kenthange mloyoh merga akeh udan, mula ora bisa panen. Crita mangkono mau Bu Mul kanthi sareh ora emosi, ora nesu utawa sedhih. Nalika tak takoni, mangke saking Magelang millih numpak bus napa? Wangsulane : Bis biasa mawon. Kula mangke tasih gantos – gantos. Tumut bus Semarang mandhap Bawen, gantos bus Solo mandhap Boyolali terus ngojek dugi Sela. Krungu wangsulane, rencanaku arep numpak patas saka Magelang tak wurungke. Ana rasa werna – werna sing nggremeti atiku. Yen nirokke iklan jaman biyen, ya nano – nano. Rasane rame. Kabeh rasa mau nyurung aku supaya solider karo Bu Mul, ora mbuwang kalodhangan cedhak karo masyarakat, lan aja kulina ngepenakke awak.
Tekan terminal Magelang penumpang padha mudhun. Karana udan deres, aku nembung kernete supaya dicedhakke bus jurusan Semarang. Ana wong telu sing arep melu bus Semarang. Kernete masrahke penumpang karo weling: “Sing wis mbayar tekan Semarang sing ayu dhewe.” Aku noleh, weruh cah ayu kuning imut – imut nyangklong tas karo nyangking tas plastik isi map lan buntelan, nguwuh, “nanti saya tidak bayar lagi pak?” Ketone kwatir, lha wong bus mini ora nganggo karcis. Bu Mul, aku lan bocah ayu age – age munggah bis. Lucune, wong telu lungguh epet – epetan dadi siji kamangka bise isah kosong. Cah ayu mau jenenge Nanik, lagi wae lulus UNSUD Fakultas Hukum. Mentas tes wawancara nglamr gawean neng UGM. Bapakne dadi jaksa ana Bekasi. Nanik durung tau lelungan dhewe menyang tlatah Jawa Tengah.
Ketara bingung, tak takoni arep menyang ngendi, arep menyang Pekalongan. Jarene kernet bus mini, dikon mudhun Terboyo terus ganti bus jurusan Jakarta. Kok ora numpak bus Jakarta saka terminal Jogja? Jarenen kernete, Jogaja ora ana bus jurusan Jakarta. Sing ana Semarang. Astaga, kamu dibohongin Mbak. Untunglah tidak ditipu. Sawise tak omongi bab jurusan – jurusan bis, lan kira – kira iki mengko tekan Semarang watara jam 19.00, dheweke lagi mudheng. Banjur mutuske arep nginep neng omahe itrane wae. Sawise telpun – telpunan lan sms-an Nanik katon lega. “Saya nanti mau dijemput teman diterboyo di mini market.” Atiku melu lega. Weruh cah ayu klambine seksi sing lagi bingung, arepa dudu sapa – sapa ya melu mikir lan ngrebahke. Aku dhewe uga nate elungan ijen lan nampa pambiyantu, sak ora – orane dikancani liyan. Ana ing ndalan rasane dadi ayem. Krasa banget yen lumantar srawung aku bisa sinau perkara werna – werna, bisa ngrasake paseduluran arepa mung sak uwat.
Beda crita karo sing ana tengenku. Bu Mul kerep melu pengajian menyang kuripan, Secang. Rombongan karo umat Sela. Kok tebih – tebih diparani napa sebabe? Jare pak Ustad sing mulang apik banget. Wulangane marahi ayem, seneng. Ngertos pundi sing ala lan sing becik. Ngerti pundi sing kudu dilakoni. Tur marahi sregep ndonga: “Donga niku rakyat kiyat nggih Bu?” Aku manthuk ngiyani. Dina iku aku nampa kesaksian bab doa saka Bu Mul. Aboting urip disangga lan dilakoni kanthi sabar, nrima, pasrah, mula dadi gembira. Umure 63, diomah – omahke umur 14-an, wis 5 tahun dadi randa, putrane telu. Smahe dipundhut Gusti sawise 20 tahun lara merga kacilakan. Syarafe kena, tangan kekarone mengkeret ora bisa ngglawat. Bu Mul nyambut gawe ngopeni anak bojo. Crita mangkono karo ngusap luh. “Jaman sak niki pripun ta Bu, anak wedok ora isa ngajeni mbokne. Isane njalok lan kudu ana. Boten mung anak kulo lho Bu. Kathah sing crios ngaten. Mulane kula nyuwun dhateng Gusti, nek lara aja nganti dadi renggane anak. Yen dipundhut aja nganti ngrepoti anak”. Aku ora bisa komentar. Wusana dheweke gawe dudutan. “Kula pikir,malah sekeca lan tentrem urip kados njenengan niku Bu. Arahe sawiji, sing dipikir nggih sawiji. Kula kalih sampeyan sakjane tujuane rak sami. Mung dalane sing beda.” Karo mesem Bu Mul banjur kandha: “Matur nuwun Bu. Nek Gusti ngersake benjing rak dipanggihke. Ngatos – atos nggih”. Mangkono wekingku nalika dheweke mudhun neng terminal Bawen.
Sembah nuwun Gusti krana pangandika Dalem lumantar tiyang sak kiwa tengen kula. Mugi – mugi kawula tansah saged ngraosaken kaendahan tuwin kabegjan minangka pandherek Dalem”.